*K O P I*
*KOPI* iku tegese *(Kopyor Pikirane),* mulo kopi iku rasane *Pait.*
Nanging sak pait-paite kopi.. isih iso digawe *LEGI* ( Legowo ning ati )
Carane kudu ditambahi *GULO* (Gulangane Roso) sing asale soko *TEBU* (anteb ning kalbu), banjur diwadahi *CANGKIR* (Nyancangne piKIR).
Trus di siram *WEDANG* (wejangan sing marahi padang)
ojo lali di *UDHEG* ( Usahane ojo nganti mandeg ) anggone ngudhek nganggo *SENDOK" ( Sendekno marang sing nduwe kautaman ) dienteni ben rodo ADEM* ( Ati digowo lerem ), bar kui diombe *SERUPUT* (Sedoyo Rubedo bakal luput).
Meniko falsafahipun *KOPI*
Filosofi KOPI
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
izin share
BalasHapus