Kembang seroja wae ngreti kapan wayahe kudu mekar-mekrok lan kapan
wancine kudu mingkup. Kena apa aku lan Panjenengan asring ora eling
kapan wancine menga ngudhari ukara lan kapan wayahe mingkem?
Kulina banget, aku lan Panjenengan omong samubarang prekara tanpa
petungan. Ngomong tanpa metungake wancine. Ngomong tanpa metungake
papane. Sawanci-wanci ngomong. Saenggon-enggon ngomong. Sing diomongake
ora karuwan jluntrunge.
Ngomongake eleke bojo neng warung. Ngomongake eleke tan
gga-teparo
neng warung. Ngomongake eleke kanca neng warung. Kok bisa apa-apa sing
elek ing sakiwa-tengenku lan Panjenengan, kabeh malih dadi dagangan? Kok
bisa warung panganan malih dadi papan kanggo adol lan kulakan wirang?
Aku lan Panjenengan beda karo kembang seroja. Aku lan Panjenengan
mesthi ora gelem niru cara uripe kembang seroja. Aku lan Panjenengan
milih papan panggonan urip sing resik. Aku lan Panjenengan milih kanca
urip sing apik. Aku lan Panjenengan milih urip ing lingkungan sing
becik. Beda banget karo seroja. Kembang seroja kae malah milih papan
urip awor banyu sing ora resik. Kembang seroja kae malah milih urip awor
karo jingklong, lumut, lendhut, laler, lan apa-apa sing Panjenengan
mesthi jijik. Nanging nyatane kembang seroja tetep mardika. Bisa thukul
ngrembaka. Ana sing rupane putih resik. Ana sing rupane kuning
mening-mening. Ana sing rupane abang njambon milangoni. Gandane sedhep,
ora banger, ora wengur. Yen surup mekrok-mekar-megar, mengko parak esuk
pulih mingkup.
Kena apa aku lan Panjenengan isin meguru marang
kembang seroja? Apa ora malah tuna yen wegah meguru marang kembang
seroja? Apa alane meguru marang sing dudu manungsa? Wong nyatane,
pakarti uripe kembang seroja pancen pantes diconto. Kembang seroja luwih
ngreti empan-papan tinimbang aku lan Panjenengan.