SIMBOK

SIMBOK

Gedene tresna simbok karo kowe, marai bingung opo karepe tresnane. Sing ngandani bok kiro nyeneni, sing nglarang bok kiro podo wae nyeneni, sing weling ijeh bok kiro nyeneni, malah bok kiro cerewete luwihi tinimbang bakul brambang towo…..

Mung simbok sing sejatine wes gawe reti yen kowe iki ditresnani, sing paling biso ngarani kowe iki paling bagus bagus dewe ora liyone, senajan to umbelmu modot molor kewer-kower...

Nanging tanpo bok sadari, esemane simbokmu kuwi kemepyar sing dadi panggonanmu ngudari sambat senajan to kuwi mung jero ati tanpo simbok, kowe iki ora ono opo-opone

Tidak ada komentar:

Posting Komentar