Pituduh

Cara papat kanggo wong wadon mlebu surgo...

Kaping pisan wong wadon kang bisa jaga maring awake saka nglakoni ala
Lan ta'at maring Allah Kang Maha Kuasa

Nomer loro wadon kang ta'at bojone
Perintahe wong lanang ditindakake
Ora gelem mbantah, klawan prengat-prengut lan grememeng

Nomer telune wong wadon ingkang sabar
Ngatasi perkara kanti dada jembar
Ora gampang nindakake morang-muring
Kaya to.. nuding-nuding lan mecahi piring

Nomer papat ya iku wadon kang nerima
Saking paringe bojo ra gelem ngina
Diparingi akeh di terima bungah..
Diparingi sethitik Alhamdulillah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar