Kakean Mbiji Wong Liya, Lali Mbiji Awake Dhewe

Jenenge wae urip
Gusti Allah sing maringi
Awake dhewe sing nglakoni.
Wong liya sing ngomentari
Urip ana donya ora luput saka suara-suara sing kadhang kala ora ngepenakke sing ngrungoake, gawe ati panas kemranyas saking pedhese wong sing kocap alok-alok tanpa dipikir.
Saktemene, soyo akeh sing ngomongke awake dhewe iku tegese soyo akeh sing nggatekke.
Kudune matur nuwun mergane tanpa dijaluk wae awake dhewe wis dadi uwong sing bisa ngisi uripe wong liya.
Yen omongane wong liya iku ala, muga-muga bisa ngelingke awake dhewe supaya bisa luwih wicaksana. Yen omongane iku apik, muga-muga dadi donga sing bisa nambah kepenake uripe awake dhewe.
Pancen seneng ngomongke wong liya, nanging aja nganti merga ngurusi wong liya dadi ora kober ngurusi awake dhewe. Kakehan mbiji uwong lali mbiji awake dhewe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar